Asal Mulane Karang Rejo
Asal Mulane Karang Rejo
Ing jaman
biyen, ana sawijining wong enom sing aran Jaka Wira kang gagah, gedhe, dhuwur
,sing senengane ajar keprigelan nganggo gaman, kaya ta pedang, tombak, lan
panah. Kepinginne isa dadi prajurit ing negarane.
Nyatane
Gusti paring dalan. Ora suwe saka kuwi ana wara-wara yen negarane mbutuhake
nom-noman sing prigel lan kendel gelem dadi prajurit. Sebab ana bangsa manca
sing arep ngangkangi negarane.
Jujuging
cerita Jaka Wira wis dadi prajurit kang pengpengan, unggul ing yuda. Jaka Wira
kapilih dadi lurahing prajurit. Ing batine mung kepikiran piye carane mateni
mungsuh. Ora ana rasa welas asih. Saben mungsuh sing ketemu Jaka Wira mesti
dadi patine. Yen ora kebabat nganggo pedange ya ketubles nganggo tombake, sing
adoh mesti kepanah dadane.
Ing
paprangan sing pamungkas wis akeh mungsuh sing mati saka gamanne Jaka Wira. Ana
salah sijine prajurit mungsuh sing isa colong playu. Jaka Wira sigra nyadhak
panahe, lan ana limang panah sing dipanahke marang prajurit mungsuh sing mlayu
mau. Ana panah sing nembus jantunge prajurit mungsuh mau lan mati sanalika.
Ora ngira
panah sing liyane kena tangane bayi sing lagi netek ibune, semono uga panah
kuwi nembus jantunge ibu bayi mau. Bayi mau nangis gero-gero nanging ibune wis
ora obah, amarga mati, jantunge ketubles panah.
Weruh
kedadeyan sing mangkono Jaka Wira gregrel atine lan trenyuh marang bayi mau.
Rasa kuciwa lan gela ngglendoti atine. Napa panah sing kudune mateni mungsuh
malah mateni wong sing ora nduwe dosa lan nggawe sengsarane bayi? Atine
nggronjal ora isa negake kedadean kuwi. Bayi sing wis lola kuwi terus digendong
lan disayang-sayang. Jaka Wira nduwe krenteg yen arep ngrampungi anggone dadi
prajurit lan arep mupu bayi kuwi dadi anake. Pinginne wis ora arep mateni wong
maneh nanging kosok baline pingin nggawe kabecikan lan lestarining urip.
Jaka Wira
sing ndisike brangasan lan kejem, saiki malik grembyang, kebak welas asih. Wis
ora mantesi maneh dadi prajurit. Jaka Wira matur marang rajane yen pingin
mundur, ora dadi prajurit maneh, lan pingin dadi wong tani biasa. Raja eman
banget, salah sijining prajurit sing pinilih kudu mundur ora dadi prajurit.
Nanging Raja tetep maringake panyuwunne Jaka Wira. Raja paring kanugrahan
marang Jaka Wira alas kang ana ing tepis wiringe laut Jawa kanggo tetanen.
Jaka Wira
netepi niate. Dhweke mupu bayi mau lan urip dadi wong tani biasa. Jaka Wira
nyatane uga prigel dadi tani. Panggonan sing sadurunge alas gung liwang liwung
saiki dadi sawah, kebun, lan pekarangan sing sari, isa nguripi titah sak kiwa
tengenne. Akeh wong sing padha manggon ana ing kono. Jaka Wira uga wis nduwe
kulawarga. Bayi sing dipupu dadi anake wis gede, dadi nom-noman sing kebak
welas asih. Jaka Wira sak kulawarga kaparingan urip sing tentrem, raharjo lan
tumangkar brayate. Awit saka rasa syukur lan gung panarimane marang Gusti,
panggonan kuwi dijenengi Karang Rejo sing tegese Gusti paring katentreman lan
karaharjan marang titah sing tansah pasrah lan sumarah ing ngarsaning Gusti.
Jaka Wira uga ganti nama, jejuluk Martani Wira Rejo.
Semarang, 25 Juli 2010
Penulis
Maria Putri Anggun Larasati
Karyaku waktu jaman kelas 8
ReplyDelete